Tembang
Macapat dan maknanya
1. Sekar Macapat Mijil, Laras
Slendro Pathet Sanga Miring
Poma kaki padha dipuneling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarang tanduk
Makna teks :
Anak lanangku, eling-elingen pituturku. Kowe kudu dadi wong kang budine
luhur. Kudu alim lan kudu duwe tata krama. Ora angkuh lan bisa ngetrepke awak
ing kahanan apa wae.
Pesan untuk anak laki-laki. Ingatlah kata-kataku, jadilah orang yang
berbudi luhur. Harus mempunyai tata krama dan sopan santun. Tidak angkuh dan
bisa menempatkan diri dalam keadaan apapun.
2. Sekar Macapat Sinom, Laras Pelog Pathet Barang
Mumpung anom marsudiya
Lelandhesan budi suci
Denya manembah Hyang Suksma
Yekti yawana sakalir
Asih tresna sasami
Pan iku dadya wotipun
Adoh marang kanisthan
Ing janji tan mbalenjani
Tatag tangguh saguh ing samubarang karya
Makna:
Mumpung isih enom, usahaa! Miturut akal kang becik. Manembah marang Gusti.
Kabeh kuwi kudu tulus. Menehi katresnan marang sapadha-padha, bakal adoh saka
kanisthan. Kanggo sing ora mblenjani janji. Tatag, tangguh, lan saguh marang
kabeh pakaryan.
Selagi masih muda, berusahalah! Menurutlah kepada akal yang baik. Menyembah
pada Tuhan. Semua itu harus tulus. Memberikan kasih sayang pada sesama, akan
membuat jauh dari bahaya. Untuk yang tidak suka bohong. Bertahan, sanggup, dan
tangguh dalam semua pekerjaan.
Saranane wong yun luhung
Betah tapa kurang guling
Elinga solah jatmika
Yen wicara kudu manis
Murih sengseming sasama
Samaning manungsa sami
Makna:
Wong kang luhur kuwi betah melek lan sithik turu. Eling-elingen tindak
tanduk kang sopan. Menawa guneman marang liyan kudu apik supaya disenengi
sapadha-padha.
Orang luhur itu suka begadang daripada tidur. Ingatlah tingkahlaku yang
sopan. Ketika bercanda kepada orang lain harus hati-hati agar disukai sesama.
Lamun sira anggeguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kawruh ing hukum
Kang ngibadah lan kang wirangi
Sokur oleh wong tapa
Ingkang wus amungkur
Tan mikir paweweh ing lyan
Iku pantes sira guranana kaki
Sartane kawruhana
Makna:
Menawa kowe merguru marang wong lanang, pilihen wong kang becik. Kang apik
martabate uga ngerteni hukum. Kang ngibadah lan duwe isin. Apa maneh merguru
karo wong tapa. Tanpa mikir apa wae kang wis diwenehake kanggo wong liya. Lan
ngertenana, wong kang ngono kuwi pantes ditiru.
Ketika engkau berguru kepada laki-laki, pilihlah orang yang benar-benar
baik. Yang baik martabatnya dan mengerti tentang aturan/hukum. Yagn beribadah
dan punya rasa malu. Apa lagi ketika berguru kepada orang tapa(berilmu). Tanpa
pamrih, tanpa berfikir apa saja yang sudash diberkan kepada oranglain. Dan
mengertilah, orang yang seperti itu pasntas ditiru.
5. Sekar Macapat
Asmaradana, Laras Slendro Pathet Sanga Miring
Aja turu sore kaki
Ana Dewa nganglang jagad
Nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak
Sandang kalawan pangan
Yaiku bageyanipun
Wong melek sabar narima
Makna:
Wong
lanang aja turu wayah sore! Ing wayah sore para dewa ngubengi jagad. Nggawa
guci mas, isine donga tulak bala. Sandhang lan pangan uga bageane Wong kang betah
melek, sabar, lan narima ing pandum.
Seorang laki-laki janga tidur sore! Ketika sore para dewa sedang berkeliling
jagad. Membawa guci emas yang isinya doa tolak bala. Sandang dan pangan bagian
orang yang betah tidak tidur, sabar, dan menerima keadaan.
Pitutur bener iku
Sayektine apantes tiniru
Nadyan metu saking wong sudra pepeki
Lamun becik wurukipun
Iku pantes sira anggo
Makna:
Pitutur kang becik iku pantes ditiru sanajan saka wong kang nistha. Menawa
pituture becik, iku pantes mbok tiru.
Pesan yang baik itu ditiru. Walaupun dari orang yang tidak baik sekalipun.
Jika pesannya baik, itu pantas ditiru.
Wong manut tuture wong tuwa ugi
Panemu duraka
Ing ndonya tumekeng akhir
Tan wurung kasurang-surang
Makna:
Wong kang ora nurut apa pituture wong tuwa bakal dosa. Donya akerat bakal
cilaka.
Orang yang tidak menurut kata orang tua bakal dosa. Di dunia dan di akhirat
bakal celaka.
Mangkono ngelmu kang nyata
Sanyatane mung weh reseping ati
Bungah ing aranan cubluk
Sukeng tyas yen den ina
Aja kaya si pengung agung gumunggung
Ugungan sadina-dina
Aja mangkono wong urip
Makna:
Kaya mangkono kuwi ilmu kang bener. Nyatane mung menehi reseping ati.
Kesenengan dianggep bodho. Saka kang becik nganti ala. Aja kaya wong kang bodho
lan angkuh. Dina-dina mung diuja wae. Dadi wong urip aja kaya mangkono.
Seperti itulah ilmu yang benar. Kenyataan yang meresap kedalam hati.
Kesenangan dianggap bodoh. Dari yang baik sampai yang buruk. Jangan seperti
orang yang bodoh dan angkuh. Sehari-hari hanya mengeluh. Jadi orang jangan
seperti itu.
Mangkanyata wicarane sepet madu
Sesadone adu manis
Memanise yen gumuyu
Ayu rahayuning dhiri
Widagda nganggit lelakon
Makna:
Wicarane nyatane manis. Menawa guneman karo wong liya uga manis. Apa maneh
yen ngguyu. Ayu lan keslametan ing awake. Pinter anggone tumindak.
Ketika berbicara semanis madu. Ketika bercanda dengan oranglain juga manis.
Apalagi ketika tersenyum. Cantik dan keselamatan dalam tubuhnya. Pintar ketika
bertingkahlaku.
Bocah iku sopan santun iku prelu
Bekti mring wong tuwa
Dhawuhe guru den esthi
Sinau amrih katekan kang den sedya
Makna:
Bocah iku kudu santun. Bekti marang wong tuwa. Nuruti pituture guru. Niat
sinau.
Anak itu
harus sopan santun. Berbakti kepada orangtua. Menuruti pesan guru. Niat ketika
belajar(bersungguh-sungguh).
Babo babo mara age tandhingana
Sun prajurit linuwih
Sekti mandraguna
Prawira ing ngayuda
Kang tandhing haywa lumaris
Tan wurung sira
Sirna ndhepani bumi
Makna:
Ayo
ndang mara rene, lawanen! Prajuritku akeh, sekti mandraguna. Kang kendel ing
paprangan. Kang gedhe kekuwatane. Wurunga kowe bakal mati ngrungkepi
lemah.
Ayo kesini, lawanlah! Prajurit saya banyak, sekti mandraguna. Berani dalam
berperang. Yang besar kekuatannya. Kamu bakal mati jatuh ke tanah.